Dalan Sejati
Dening: Sumarni
Jroning lumaksita ngambah dalan
Manawa mrangguli tanjakan
Rasaning ati iki trataban,
Gronjalan…..
Jroning lumaksita ngambah rerumpil
Manawa mrangguli krikil-krikil
Rasaning ati iki kaya kacuwil-cuwil
Sarwa riwil banjur gempil…..
Jroning lumaksita ngambah sing njojrog
Manawa mrangguli dalan jeblog
Rasaning ati iki kadhodhog-dhodhog
Wusana dhelog-dhelog…..
Ing pang kana kae ana peksi
Linceng-linceng jejogetan nyemoni
Nunduhake dalan sing dak upadi
Dalan sejati…..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar