Sabtu, 04 Desember 2010

RUMAH ADAT

1. Provinsi DI Aceh / Nanggro Aceh Darussalam / NAD
Rumah Adat Tradisional : Rumoh aceh
2. Provinsi Sumatera Utara / Sumut
Rumah Adat Tradisional : Rumah balai batak toba
 3. Provinsi Sumatera Barat / Sumbar
Rumah Adat Tradisional : Rumah gadang
 
 5. Provinsi Jambi
Rumah Adat Tradisional : Rumah panggung
6. Provinsi Kalimantan Barat / Kalbar
Rumah Adat Tradisional : Rumah panjang
 7. Provinsi Lampung
Rumah Adat Tradisional : Nuwo sesat
8. Provinsi Jawa Tengah / DI Yogyakarta / Jawa Timur
Rumah Adat Tradisional : Rumah joglo
9. Provinsi Kalimantan Timur / Kaltim
Rumah Adat Tradisional : Rumah lamin
 10. Provinsi Kalimantan Tengah / Kalteng
Rumah Adat Tradisional : Rumah betang
 11. Provinsi Irian Jaya / Papua
Rumah Adat Tradisional : Rumah honai
12. Provinsi Kalimantan Selatan / Kalsel
Rumah Adat Tradisional : Rumah banjar

Kamis, 25 November 2010

Kesenian Kuda Lumping

KES Wisanggeni Lahir 1_4.mp4

GEGURITAN

Dalan Sejati
Dening: Sumarni

Jroning lumaksita ngambah dalan
Manawa mrangguli tanjakan
Rasaning ati iki trataban,
Gronjalan…..

Jroning lumaksita ngambah rerumpil
Manawa mrangguli krikil-krikil
Rasaning ati iki kaya kacuwil-cuwil
Sarwa riwil banjur gempil…..

Jroning lumaksita ngambah sing njojrog
Manawa mrangguli dalan jeblog
Rasaning ati iki kadhodhog-dhodhog
Wusana dhelog-dhelog…..

Ing pang kana kae ana peksi
Linceng-linceng jejogetan nyemoni
Nunduhake dalan sing dak upadi
Dalan sejati…..

TARIAN BEDHOYO SRIMPI JAVAANSE DANS

REOG PONOROGO

Sabtu, 23 Oktober 2010

SENI TRADHISIONAL SAKING JAWA

Jinis-jinis seni tradhisional ing Jawa umume dipengaruhi budaya Hindu, Buddha, Islam, Kejawen lan liya-liyane. Seliyane iku uga berkembang jinis-jinis kesenian sing radha modern/anyar sing umume kebentuk saka pengembangan kesenian tradhisional misale: campursari, kentongan, keroncong, kethoprak lan liyane.
Seni Tradhisional Jawa Tengahan & Yogyakarta
• Wayang
• Gamelan Jawa
• Jathilan
• Barongan
• Tayuban
• Tari Jawa
• Kethek Ogleng
• Samroh
Seni Tradhisional Banyumasan
• Wayang Kulit Gagrak Banyumasan
• Calung Banyumasan
• Lengger
• Ebeg
• Aksimuda
• Angguk
• Aplang/Daeng
• Begalan
• Bongkel
• Buncis
• Sintren
• Barzanji
• lyy
Seni Tradhisional Jawa Timuran lan Madura
• Ludruk
• Reog
• Sandur
• Tandha'
• Pencak Sondah
• Pencak Tlangoh
• Barzanji
• TunĂ©l
• Jaran Kepang

CARITA WAYANG

Wisanggeni Lair Wujud Geni Lan Menjila Dadi satriya Pinunjul


Wisanggeni iku anake Arjuna lan Dewi Dresanala. Dewi Dresanala iku anake Bathara Brahma. Arjuna duwe sisihan Dewi Dresnala nalika Arjuna dadi raja ing Kaindran, jejuluk Prabu Kiritin.
Arjuna bisa jumeneng dadi raja ing Kaindran amarga antuk kanugrahan saka dewa sawise kasil ngalahake Prabu Niwatakawaca, raja ditya sing sekti mandraguna saka nagara Imaimantaka.
Wisanggeni lair saka guwa garbane Dewi Dresanala wujud geni, sabanjure malih lan ngrembaka dadi satriya sing pinunjul. Wisanggeni dadi satriya sing pinunjul kapinterane, kawegigane lan kasektene.
Wisanggeni uga kondhang minangka wayang sing mbranyak, raine bagus nanging sakmadya banget anggone nyenyandhang. Marang sapa wae Wisanggeni tansah mungkak krama utawa caturan tanpa nggunakake basa krama sing alus.

Kepara yen guneman kalawan Sanghyang Wenang wae Wisanggeni uga tansah mungkak krama. Dening para dhalang Wisanggeni arang banget diwetokake ing pakeliran. Wisanggeni duwe sisihan sing jenenge Dewi Mustikawati.
Dewi Mustikawati iku anake Prabu Mustikadarwa, raja ing Krajan Sonyapura. Ing lakon Wisanggeni Krama, Wisanggeni kudu ngadhepi Prabu Sitija utawa Prabu Bomanarakasura kanggo mupu Dewi Mustikawati ing sawijining patembayan.
Dewi Mustikawati njaluk wewaton gambaring jagad marang Wisanggeni lan Prabu Sitija. Yen Wisanggeni utawa Prabu Sitija bisa minangkani penjaluke iku, Dewi Mustikawati saguh dadi sisihane.
Wusana Wisanggeni sing kasil nggawa gambaring jagad lan banjur dipasrahake marang Dewi Mustikawati. Kasile Wisanggeni amarga dibiyantu dening Sanghyang Wenang sing nyumadhiyakake gambaring jagad kaya panjaluke Dewi Mustikawati.
Ing lakon Wisanggeni Takon Bapa, ing laku nggoleki bapake, Wisanggeni kasil mbiyantu bapake lan nagara Amarta bisa nemokake maneh pusaka-pusaka piyandel sing ilang.
Dene pusaka-pusaka piyandele Krajan Amarta sing ilang lan kasil dibalekake maneh dening Wisanggeni yaiku Kalimasada, Sarotama, Hrudadali, Anantakusuma, payung Tunggulnaga lan Pasopati.
Kabeh kulawarga Pandhawa, kalebu Prabu Kresna, ora ana sing wani tumindak sakepenake dhewe marang Wisanggeni. Salawase uripe Wisanggeni dedunung ing kayangan Daksinageni bebarengan ibune, Dewi Dresanala, lan kabeh kulawargane. Wandane Wisanggeni iku Rungsit.
Dene kawitane Arjuna rabi kalawan Dewi Dresanala sing sabanjure nurunake Wisanggeni yaiku nalika Prabu Niwatakawaca pengin ngrabi Dewi Supraba. Niwatakawaca sing jeneng enome Nirbita iku banjur tumuju suralaya kanggo nglamar Dewi Supraba.
Ananging para dewa ora ana sing nglilani yen Dewi Supraba rabi kalawan Niwatakawaca. Wusana Niwatakawaca banjur ngrabasa ing suralaya. Kasektene ora ana sing bisa nandhingi, para dewa kabeh kasoran.
Sanghyang Girinata banjur mrentahaka Arjuna supaya ngadhepi Niwatakawaca. Nalika iku Arjuna nembe mertapa ing pertapan Indrakila lan jejuluk Begawan Ciptaning Mintaraga utawa Cipta Ening Mintaraga. Arjuna sing dibiyantu Dewi Supraba kasil mateni Niwatakawaca.